ⓘ Larung Sembonyo ya iku salah sawijining upacara adat kang ditindakaké déning para warigaluh ing Pesisir Prigi, Watulima, Trenggalèk. Upacara iki minangka rasa s ..

                                     

ⓘ Larung Sembonyo

Larung Sembonyo ya iku salah sawijining upacara adat kang ditindakaké déning para warigaluh ing Pesisir Prigi, Watulima, Trenggalèk. Upacara iki minangka rasa syukur para warigaluh krana anggoné golèk iwak olèh akèh. Biyasané ing upacara iki uga ana seni tayub kang banget disenengi warga.

Tembung larung duwèni teges ngintiraké panganan utamané tumpeng menyang segara. Déné tembung sembonyo mralambangaké golèkan pengantèn kang kagawé saka glepung beras ketan banjur dilungguhaké jèjèr ing dhuwuré prau kanthi diwènèhi satang piranti kanggo nglakokaké prau.

                                     

1. Ancas

Upacara iki duwèni ancas kanggo mujudaké rasa sukur para warigaluh amarga olèhé golèk iwak kasil akèh. Acara iki saliyané kanggo ngonjukaké rasa sukur marang Illahi uga kanggo mèngeti kasilé Radèn Tumenggung Yuda Nagara kang wis mbukak kawasan Prigi kang banjur krama olèh Putri Gambir Inten saka Andhong Biru.

                                     

2. Sejarah

Tradhisi Larung Sembonyo wiwitané saka carita kang ana ing jaman semana bab dhauping Radèn Tumenggung Yuda Nagara karo Putri Gambir Inten. Raja Surakarta paring dhawuh marang Radèn Tumenggung Yuda Nagara kang kawentar minangka satriya pinilih kanggo nganakaké ekspansi menyang dhaérah sawetané Kerajaan Surakarta, yaiku Pacitan, Sumbreng Munjungan, Demuk Kalidawir Tulungagung, lan Prigi Watulima.

Dhawuh saka raja disanggupi kanthi sarat radèn Tumenggung Yuda Nagara ngajak saduluré kang cacahé ana papat, yaiku Radèn Yauda kang diwènèhi bagéan ing Lorok, Pacitan; Radèn Yaudi ing Munjungan, Radèn Pringo Jayeng Hadilogo ing dhaèrah Demuk Kalidawir Tulungangung, lan Radèn Prawiro Kusumo ing Mbagusan Besuki Tulungagung; dhèwèké uga ngajak Hyang Pamong.

Kang wiwitan, rombongan iki nganakaké ekspansi ana ing Lorok, Pacitan. Banjur, ngétan ana ing Sumbreng Munjungan. Nalika arep tekan Lempongan Prigi dalané katutup pedhut ireng kandel nganti ora kena diliwati. Radèn Yuda Nagara banjur tapa brata ing Gumuk Kambe nyuwun palilah marang Gusti kang Murbèng Dumadi. Supaya bisa mbukak dhaèrah Prigi, Radèn Yuda Nagara kudu dhaup karo Putri Gambir Inten. Dhèwèké banjur nglamar Putri Gambir Inten lan ditampa kanthi sarat ekspansi diwiwiti sawisé dhaup. Sawisé dibukak, dhaèrah Prigi banjur digunakaké kanggo papan para warigaluh golèk rejeki lan kanggo mèngeti dina dhauping Radèn Tumenggung Yuda Nagara lan Putri Gambir Inten.

                                     

3. Lakuning Acara

Upacara larung sembonyo dianakaké saben taun, ing sasi Sela dina Senèn Kliwon miturut etungan pananggalan Jawa. Supaya upacara bisa lumaku kanthi selamet ora ana alangan, sawengi sadurungé ana acara tirakatan kanggo nolak bala. Acara dipandhégani déning dhukun lanang kang lungguh ing tengah prau kanthi maca mantra awujud tembang Dhandhanggula lan ngobong menyan. Sawisé maca mantra, dhukun melu dadi saji karo arak-arakan. Para paraga jumangkah tumuju panggung mbentuk barisan kanthi urutan:

  • Tandak loro
  • Dhukun lanang lan wadon. Dhukun lanang nggawa upet lan kendhi, déné dhukun wadon nggawa bokor isi sesajèn.
  • Radèn Tumenggung Yuda Negara lan Putri Gambar Inten
  • Dhanyang 2 kang nggawa bokor isi kembang
  • Pambeksa Jaranan
  • Wong loro kang nganggo busana ireng lan mikul kursi pangantèn
  • Wong loro kang nggawa kembar mayang
  • Prajurit kang nggunakaké busana Mataram cacahé 2
  • Sapasang pejabat utawa sesepuh kang nganggo busana Jawa

Para paraga banjur nggawé pola setengah lingkaran, pambeksa Turangga Yaksa lan Bujang ganong wiwit njoget. Sawise para pambeksa njoget, kabèh paraga mbentuk posisi larung sembonyo, yaiku nyingkuri penonton lan madhep segara. Kursi pangantèn disèlèhaké ana ing cedhaké prau, tumpeng kang wis digawa disèlèhaké, lan dhukun wédok mapanaké pangantèné. Sadurungé nindakaké sesembahan, kembar mayang disèlèhaké ing dhuwur prau. Acara Larung Sembonyo dipungkasi kanthi pagelaran Seni Tayub.



                                     

4. Ubarampé

Ubarampé kang dibutuhaké nalika upacara larung sembonyo ing antarané:

  • Plastik tipis werna biru laut
  • Degan
  • Payung
  • Kursi pengantèn
  • Papan lungguh
  • Tumpeng
  • Menyan
  • Upet
  • Bokor
  • Tumbak
  • Kembar mayang
  • Prau
  • Papan sesaji