ⓘ Wayang - Wayang, golèk, kulit, klithik, Musiyum Wayang, bèbèr, Agnyanawati, Banowati, Catur, Wayang, Nila, Ramayana, Persatuan Pedalangan Indonesia, Sena Wangi ..

Wayang

Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung "wewayangan", ananging mboten nganggé rerimbagan dwipurwa lan panambang -an. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadhi manungsa. Wayang punika pagelaran ngagem bonéka ingkang limrahipun katingalan éndah wonten wewayanganipun saha dipunlampahaken déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebat saged awujud 2 dhimènsi utawi wujudipun 3 dhimènsi. Ingkang wujud 2 dhimènsi limrahipun dipundamel saking kulit, ingkang asring kulit lembu utawi ménda. Déné ...

Wayang golèk

Ana sawenèh versi kang nduduhaké dumadiné wayang golèk, ing antarané, miturut kitab Sanghyang Siksa Kandang Karesian 1518, carita babagan Ramayana lan Adiparwa wis wiwit ing kawitan abad 16. Cerita Ramayana lan Adiparwa iki di caritakaké déning memen sebutan liya kanggo dhalang. Nanging ing kitab iku ora sinebutaké jeneng wayang. Miturut ahli pewayangan M. A. Salmun, Wayang golèk cinipta déning Sunan Kudus ing abad 15-16. Wayang golèk minangka kréasi sunan Kudus dhedhasar wayang kulit 1583. Versi liya kang manut ahli wayang Wiryanapura nuduhaké yèn wayang golèk olèh prabawa utawa prabawa s ...

Wayang kulit

Wayang Kulit iku pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana kang wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Lumrahé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Carita Menak lan Babad Tanah Jawa, carita agama, perjuwangan, lan manéka warna carita liyané. Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang iku ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih ...

Wayang klithik

Wayang Klithik sinebut uga Wayang Krucil yaiku wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit. Wayang iki duwé ciri khas yaiku yèn ta ditanggap ora nganggo gedhebog tancepatè nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Carita kang kerep ditanggapkè yaiku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait. Wayang iki campurane wayang golèk lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawé saka kayu. Amarga saka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki w ...

Musiyum Wayang

Musiyum Wayang iku sawijining musiyum kang mamèrake manéka warna wayang lan bonéka. Barang-barang iku ana sing saka Indonésia lan manca nagara. Musiyum Wayang dumunung ing Kawasan Kota Tua Batavia. Saliyané Musiyum Wayang,ing kono uga ana musiyum Fatahillah, Musiyum Bank Indonésia, Musiyum Bank Mandiri lan Musiyum Keramik. Musiyum kang manggon ing Jalan Pintu Besar Utara Nomor 27, Jakarta Kulon iku maune De Oude Hollandsche Kerk.Musiyum Wayang resmi digunaake 13 Agustus 1975. Nganti saiki, musiyum iki nyimpen punjul 4.000 wayang, saka wayang kulit, wayang golèk, wayang kardus, wayang suket ...

Wayang bèbèr

Wayang bèbèr ya iku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran. Wayang Bèbèr ya iku mori digambari wayang dipitontonaké sarana dibèbèr banjur dicaritakakè. Saben bèbèran iku nggambarakè sawijinig adegan carita. Yèn wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. Wayang iki digawè jaman karajan Majapait. Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunungkidul. Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas. Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki ya iku: Musyafiq kanthi gawè wayang bèbèr kang narasinè paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi l ...

                                     

Agnyanawati

Dèwi Agnyanawati sok diarani uga karan Adnyanawati ya iku putri Prabu Narashinga lan Raja Dwarawati kang dikalahake déning Kresna. Banjur Agnyanawati dikawin karo Sitija.Anané saduluran Adnyanawati utawa Agnyanawati karo Samba, anak saka Krena kang nyebabake gégér lan matiné Samba. Raden Samba mati déning Prabu Bomanarakasura.

                                     

Banowati

Dèwi Banowati iku putra nomer telu saka Prabu Salya, ratu ing Mandraka. Banowati iku siji putri sing ayu banget, ayuné ora déné perhiasané nanging pancèn ayu sajati. Tatakramané alus lan sopan. Mula-mulané Banowati kasengsem déning Arjuna, nanging pungkasané dhèwèké dhaup karo Prabu Duryudana lan dadi pramèswari ing Hastinapura. Sanadyan mangkono, atiné isih abot marang Arjuna.

                                     

Catur (Wayang)

Catur iku kabèh wujud tembung utawa wacana kang dipocapake déning dhalang ana ing pakeliran. Catur ngemot aji-aji filosofis kang ana ing sajeroning pakeliran. Ana 3 macem catur, ya iku janturan, pocapan, lan ginem. Catur dadi srana kanggo dhalang ngudal pamikiran lan gagasane.

                                     

Nila (Ramayana)

Nila utawa Anila iku paraga ing wiracarita Ramayana. Kanthi cara barès jenenge duwé teges "nila" utawa "biru tuwa". Nila yaiku kethèk kang wulune awarna peteng kang mèlu ing sajeroning klompoke Rama nalika prang nglawan Rahwana.

                                     

Persatuan Pedalangan Indonesia

’ Persatuan Pedalangan Indonesia’’ iku organisasi profèsi para dhalang, pangrawit, swarawati lan wong-wong sing ana gèndhèng cènèngé karo pedhalangan ing Indonesia. Saiki ana 24 komisariat ing tlatah. Pepadi wiwit ana ing tanggal 14 April 1971. Saben limang 5 taun sapisan dianaaké Musyawarah Nasional Munas kanggo ngukuhaké pengurus anyar.

                                     

Sena Wangi

Sena Wangi iku organisasi sa-Indonesia kang ngurusi prakara wayang. Organisasi iki wiwit ngadeg rikala 12 Agustus 1975 ing Jakarta. Ora ana cabangé ing tlatah liyané. Tugas mligi ya iku ngatur apa-apa kang magepokan klawan wayang supaya tetep lestari. Anggota Sena Wangi antarané: organisasi wayang lan pedhalangan, sekolah wayang, budhayawan, seniman, lan tokoh masarakat.

                                     

Suluk (wayang)

Suluk iku tembang kang ditembangake déning dhalang ing pakeliran. Suluk ditembangake déning dhalang kanggo mènèhi pitanda salah sawijining adegan wayang. Suluk mènèhi swasana kang arep dibangun miturut adegan kang bakal dimainke. Kabèh dhalang kudu bisa nembangake suluk kanthi laras.

                                     

Sundarakanda

Sundarakanda iku kitab nomer lima saka epos Ramayana. Kitab iki nyaritakaké kepriye Anoman lunga menyang Alengka nggoleki Dewi Sita lan ngobong Alengka.

                                     

Wayang Beber

Wayang iki nganggo beber utawa kain kang digambari. Lumrahe lakone ngenani Kraton Kediri, Ngurawan, Singasari, utawa kondhang déning lakon-lakon carita Panji.

                                     

Wayang Lemah

Wayang Lemah ya iku istilah kanggo Wayang Bali kang dipentasake ing wayah awan. Karakteristik Wayang Lemah ya iku: gamelan pangiringe ya iku gender wayang laras slendro. mbutuhake paling sithik dhalang, lan sepasang penabuh gender. wayang iki dipentasake tanpa migunakake layar lan blencong. Dhalang ngadegake wayang ing benang putih kang ditalekake ing kayu dapdap sing ditancepake ing wit gedhang ing sisih kiwa tengene dhalang.

                                     

Wayang Suket

Wayang suket punika jinisipun wayang ingkang kadamel saking sesuketan.Wayang suket punika asring dipundamel ing bebocahan kang wonten ing tlatah panggangonan ing tlatah jawi asring kajulukan wayang angon amargi asring dipundalem piyantun utawi cah anggo.Kacarita wayang suket dipunpendet déning carita rakyat utawa carita-carita khayal.

                                     

Wayang suluh

Wayang suluh iku wayang modhèren sing digawé saka walulang dipetha kaya wong, kanggo mènèhi sesuluh utawa pepadhang. Wayang iki diangkah kanggo mènèhi pepadhang ngenani bab perjuangan bangsa Indonésia, amarga saka iku paragané uga wujud tokoh-tokoh perjuangan Indonésia kaya Bung Hatta, Bung Tomo, lan sapanunggalané. Wayang suluh uga kalebu wayang modhèren amarga lairé ing jaman sawisé kamardikan.

                                     

Wayang Wahyu

Wayang Wahyu iku sajinising wayang sing nganggo paraga-paraga saka Agama Katulik. Wayang Wahyu iku sing ngripta bruder Timotius saka Klathèn ing taun 1964.

                                     

Wayangmaya

Wayangmaya miturut Ki Harsono Siswocarito saged ugi sinebat Wayang Citra amargi wontenipun ing mediamaya lan wayangipun nganggé citra utawi gambar, grafis, foto, animasi lan digital. Wayang ingkang ginambar ing kertas namanipun wayang kertas, ginambar ing kulit punika wayang kulit, nanging upami sampun ginambar ing layarmaya dados Wayangmaya utawi Wayang Citra. Wayangmaya saged dipunkembangaken dados wayang grafis, wayang animasi, wayang digital lan sanès-sanèsipun.